Kumpulan Geguritan Terbaru

Kumpulan Geguritan Terbaru

Ini dia kumpulan geguritan terbaru, geguritan merupakan puisi dalam bahasa indonesia, geguritan adalah salah satu karya sastra jawa yang indah. Berikut kami sampaikan beberapa geguritan yang mungkin bermanfaat untuk referensi tugas membuat geguritan, silahkan disimak beberapa contoh geguritan dibawah ini :

Lakon

(Dening : Sumono Sandy Asmoro)
kaya wong tani sing macul
kudu nggarap sawah kagapit mangsa rendheng
dhuh lae abot tenan sanggane
(yen gedhe sambate kapan rampunge)

kaya wong golek iwak
tanpa jaring utawa pancing
kudu gogo ing jembare segara kang jembar
ngilak-ilak tanpa pagut
dhuh lae abot tenan lakune
(yen kedawan sambate kapan katekan sedyane)

kaya ngoyak ibere merak
saya suwe saya kelangan lacak
tanpa ana tengara sing bisa diwaca
(kaya abote sangganku mupu patembayamu sing singup sinengker getering wewaler)

Wengi Iki

(Dening : Sudiyahartana)
Wengi iki wengi kang wengis
akeh wong kang padha nangis
dudu merga tatune mimis
nanging merga klambi kang tipis

wengi iki wengi kang wengis
akeh wong bakul kang padha nangis
dudu merga ora laris
nanging merga ati kang tipis
wengi iki wengi kang gerah
akeh kawula kang nandhang susah
dudu merga ragat bocah sekolah
nanging merga pejabat kang ora nggenah

Kagem Ibu Iriana Jaka Wi

(Aris Irianti)
Ibu Iriana Jaka Wi
kanthi donga kang permati
aku mung bisa atur pambekti
mugiya panjenengan bisa ngayahi
jejibahan kang abot iki
marang rakyat kang nyawiji
kita kabeh padha memuji
supa Ibu bisa dhampingi
marang Bapak Jaka Wi
kang  mimpin negara iki

Ibu Iriana Jaka Wi
kita amung bisa memuji
mugiya panjenengan tansah ngayahi
kang dadi cita-citane negara iki
sesarengan kalihan Bapak Jaka Wi
Panjenengan panci pasangan kang serasi

Indrayanti (kanggo sisihanku)

Dening : Didit Setyo Nugroho
Mandeng sliramu
ing sandhuwure gazebo kang ngoyot kukuh
ing riak-riak samodra
kaya ngelingake kaelokanmu sing wis keperem
patlikur taun wektu
karo bocah-bocah sing wis lair saka guwa garbamu
nyoba rebut srengengene dhewe-dhewe
ana sepi kang rinasa ngiket atiku
nalika dalan sing dakliwati wis adoh
manawa tekan titi mangsane kita bakal padha kelangan
kaya samodra kang nguncalke warih
kaya ombak kang ngeculke angin
utawa langit sing ngglindhingake mbulan
ora krasa luhku tumetes
'ana bledhug kang lumebu' semaurku nalika sisihanku takon
karo ngelungake kacune


Demikian tadi contoh beberapa kumpulan geguritan yang layak untuk dijadikan referensi dalam membuat geguritan, semoga bermanfaat
 

0 Response to "Kumpulan Geguritan Terbaru"

Post a Comment

wdcfawqafwef