Geguritan Tema Alam

Geguritan Tema Alam

Geguritan merupakan salah satu cara seseorang untuk mencurahkan perasaanya terhadap sesuatu hal, baik itu perasaan senang maupun perasaan sedih, baik itu perasaan terhadap seseorang, maupun perasaan terhadap keindahan alam di sekitarnya.Berikut kami sampaikan beberapa kumpulan geguritan dengan tema alam, keindahan alam.

Pawartane Emprit-emprit

Dening: Alie Emje
manuk-manuk emprit
kang thulat-thulit ing ndhuwur wuwungan
kaya-kaya nyuwara padha
aweh tengara aweh pawarta
yen sawah-sawah tansaya suda
wis ora ana papan kanggo saba

pating jenggleng tableg
sawah-sawah kadheseg
kakrubut gedhong-gedhong nyonggeki mega
nyundhuli panjangka

ing kono uga bakal kawangun
papan pangimpen
ing kala lagi kasepen
pating clorot maneka cahya
supaya katone raja

ing konobakal kawangun
papan panglipur
senajan mung kaya wedhak pupur
ing saben omong kaya nglindur
yen saiki jaman
wis ngalami kemajuwan

Guritku

(Tri Mulyaningsih)

Telung puluh Agustus sewu sangangatus sangangpuluh papat
ing tanggal kuwi panjenengan wis perang sabil toh pati
rina lan wengi panjenengan ndedonga
ing sandhuwuning sajadah kang wis kebak waspamu

mulya lan welas asih iku panyuwunmu mring Gusti
upama aku ngeyel
lan njengkelke panjenengan
yagene panjenengan tetep ngapura
aku dudu apa-apa ing ngarepe panjenengan
aku durung bisa
gawe bungah lan seneng panjenengan
apuranen aku pak ... bu sing kakehan salah lan luput iki
Ibu ... Bapak panjenengan sing wis mayungi lakuku ing mangsa rendheng lan ketiga
pancen panjenengan kayadene
Hyang Surya kang madhangi donya salawase

Menyang Endi

(Djoko Walujo)
Yen,
jagad saya mungkret
negara ruwet
cacah jiwa mundhak padhet
dalan dalan macet
tetumpakan nggremet
pomahan pepet
panguripan seret
angin rendhet
banyu mampet
sandhangan memet
clana ngapret
sirah mumet
bathuk anget
irung buntet
nalar cupet
praupan pucet
pandulu sepet
srengenge mbleret
langit peteng ndhedhet
yen ilining napas wis tiba pathet
menyang endi arep ngumpet
golek slamet

Demikian tadi beberapa contoh geguritan tema alam, semoga bisa membantu dalam membuat geguritan sesuai dengan keinginan sobat

3 Responses to "Geguritan Tema Alam"

wdcfawqafwef